Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran --- Kelak jika sudah ada kereta
tanpa kuda.
Tanah Jawa kalungan wesi --- Pulau Jawa berkalung besi.
Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang --- Perahu berjalan di angkasa.
Kali
ilang kedhunge --- Sungai kehilangan mata air.
Pasar ilang kumandhang
--- Pasar kehilangan suara.
Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis
cedhak --- Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.
Bumi saya suwe
saya mengkeret --- Bumi semakin lama semakin mengerut.
Sekilan bumi
dipajeki --- Sejengkal tanah dikenai pajak.
Jaran doyan mangan sambel
--- Kuda suka makan sambal.
Wong wadon nganggo pakeyan lanang --- Orang
perempuan berpakaian lelaki.
Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-
waliking zaman--- Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik
Akeh janji ora ditetepi --- Banyak janji tidak ditepati.
Akeh wong wani
nglanggar sumpahe dhewe--- Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
Manungsa padha seneng nyalah--- Orang- orang saling lempar kesalahan.
Ora ngendahake hukum Hyang Widhi--- Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
Barang jahat diangkat-angkat--- Yang jahat dijunjung-junjung.
Barang
suci dibenci--- Yang suci (justru) dibenci.
Akeh manungsa mung
ngutamakke dhuwit--- Banyak orang hanya mementingkan uang.
Lali
kamanungsan--- Lupa jati kemanusiaan.
Lali kabecikan--- Lupa hikmah
kebaikan.
Lali sanak lali kadang--- Lupa sanak lupa saudara.
Akeh bapa
lali anak--- Banyak ayah lupa anak.
Akeh anak wani nglawan ibu--- Banyak
anak berani melawan ibu.
Nantang bapa--- Menantang ayah.
Sedulur padha
cidra--- Saudara dan saudara saling khianat.
Kulawarga padha curiga---
Keluarga saling curiga.
Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi lawan.
Akeh
manungsa lali asale --- Banyak orang lupa asal-usul.
Ukuman Ratu ora
adil --- Hukuman Raja tidak adil
Akeh pangkat sing jahat lan ganjil---
Banyak pejabat jahat dan ganjil
Akeh kelakuan sing ganjil --- Banyak
ulah- tabiat ganjil
Wong apik-apik padha kapencil --- Orang yang baik
justru tersisih.
Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin ---
Banyak orang kerja halal justru merasa malu.
Luwih utama ngapusi ---
Lebih mengutamakan menipu.
Wegah nyambut gawe --- Malas untuk bekerja.
Kepingin urip mewah --- Inginnya hidup mewah.
Ngumbar nafsu angkara
murka, nggedhekake duraka --- Melepas nafsu angkara murka, memupuk
durhaka. Wong bener thenger-thenger --- Orang (yang) benar
termangu-mangu.
Wong salah bungah --- Orang (yang) salah gembira ria.
Wong apik ditampik-tampik--- Orang (yang) baik ditolak ditampik
(diping-pong).
Wong jahat munggah pangkat--- Orang (yang) jahat naik
pangkat.
Wong agung kasinggung--- Orang (yang) mulia dilecehkan
Wong ala
kapuja--- Orang (yang) jahat dipuji-puji.
Wong wadon ilang
kawirangane--- perempuan hilang malu.
Wong lanang ilang kaprawirane---
Laki-laki hilang jiwa kepemimpinan.
Akeh wong lanang ora duwe bojo---
Banyak laki-laki tak mau beristri.
Akeh wong wadon ora setya marang
bojone--- Banyak perempuan ingkar pada suami.
Akeh ibu padha ngedol
anake--- Banyak ibu menjual anak.
Akeh wong wadon ngedol awake--- Banyak
perempuan menjual diri.
Akeh wong ijol bebojo--- Banyak orang
gonta-ganti pasangan.
Wong wadon nunggang jaran--- Perempuan menunggang
kuda.
Wong lanang linggih plangki--- Laki-laki naik tandu.
Randha seuang
loro--- Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
Prawan seaga
lima--- Lima perawan lima picis.
Dhudha pincang laku sembilan uang---
Duda pincang laku sembilan uang.
Akeh wong ngedol ngelmu--- Banyak orang
berdagang ilmu.
Akeh wong ngaku-aku--- Banyak orang mengaku diri.
Njabane putih njerone dhadhu--- Di luar putih di dalam jingga.
Ngakune
suci, nanging sucine palsu--- Mengaku suci, tapi palsu belaka.
Akeh
bujuk akeh lojo--- Banyak tipu banyak muslihat.
Akeh udan salah
mangsa--- Banyak hujan salah musim.
Akeh prawan tuwa--- Banyak perawan
tua.
Akeh randha nglairake anak--- Banyak janda melahirkan bayi.
Akeh
jabang bayi lahir nggoleki bapakne--- Banyak anak lahir mencari
bapaknya.
Agama akeh sing nantang--- Agama banyak ditentang.
Prikamanungsan saya ilang--- Perikemanusiaan semakin hilang.
Omah suci
dibenci--- Rumah suci dijauhi.
Omah ala saya dipuja--- Rumah maksiat
makin dipuja.
Wong wadon lacur ing ngendi-endi--- Perempuan lacur
dimana-mana.
Akeh laknat--- Banyak kutukan
Akeh pengkianat--- Banyak
pengkhianat.
Anak mangan bapak---Anak makan bapak.
Sedulur mangan
sedulur---Saudara makan saudara.
Kanca dadi mungsuh---Kawan menjadi
lawan.
Guru disatru---Guru dimusuhi.
Tangga padha curiga---Tetangga
saling curiga.
Kana-kene saya angkara murka --- Angkara murka semakin
menjadi-jadi.
Sing weruh kebubuhan---Barangsiapa tahu terkena beban.
Sing ora weruh ketutuh---Sedang yang tak tahu disalahkan.
Besuk yen ana
peperangan---Kelak jika terjadi perang.
Teka saka wetan, kulon, kidul
lan lor--- Datang dari timur, barat, selatan, dan utara.
Akeh wong becik
saya sengsara--- Banyak orang baik makin sengsara.
Wong jahat saya
seneng--- Sedang yang jahat makin bahagia.
Wektu iku akeh dhandhang
diunekake kuntul--- Ketika itu burung gagak dibilang bangau.
Wong salah
dianggep bener---Orang salah dipandang benar.
Pengkhianat
nikmat---Pengkhianat nikmat.
Durjana saya sempurna--- Durjana semakin
sempurna.
Wong jahat munggah pangkat--- Orang jahat naik pangkat.
Wong
lugu kebelenggu--- Orang yang lugu dibelenggu.
Wong mulya dikunjara---
Orang yang mulia dipenjara.
Sing curang garang--- Yang curang berkuasa.
Sing jujur kojur--- Yang jujur sengsara.
Pedagang akeh sing keplarang---
Pedagang banyak yang tenggelam.
Wong main akeh sing ndadi---Penjudi
banyak merajalela.
Akeh barang haram---Banyak barang haram.
Akeh anak
haram---Banyak anak haram.
Wong wadon nglamar wong lanang---Perempuan
melamar laki-laki.
Wong lanang ngasorake drajate dhewe--- Laki-laki
memperhina derajat sendiri.
Akeh barang-barang mlebu luang---Banyak
barang terbuang-buang.
Akeh wong kaliren lan wuda---Banyak orang lapar
dan telanjang.
Wong tuku ngglenik sing dodol---Pembeli membujuk penjual.
Sing dodol akal okol---Si penjual bermain siasat.
Wong golek pangan
kaya gabah diinteri--- Mencari rizki ibarat gabah ditampi.
Sing kebat
kliwat---Yang tangkas lepas.
Sing telah sambat---Yang terlanjur
menggerutu.
Sing gedhe kesasar---Yang besar tersasar.
Sing cilik
kepleset---Yang kecil terpeleset.
Sing anggak ketunggak---Yang congkak
terbentur.
Sing wedi mati---Yang takut mati.
Sing nekat mbrekat---Yang
nekat mendapat berkat.
Sing jerih ketindhih---Yang hati kecil tertindih
Sing ngawur makmur---Yang ngawur makmur
Sing ngati-ati ngrintih---Yang
berhati-hati merintih.
Sing ngedan keduman---Yang main gila menerima
bagian.
Sing waras nggagas---Yang sehat pikiran berpikir.
Wong tani
ditaleni---Orang (yang) bertani diikat.
Wong dora ura-ura---Orang (yang)
bohong berdendang.
Ratu ora netepi janji, musna panguwasane--- Raja
ingkar janji, hilang wibawanya.
Bupati dadi rakyat---Pegawai tinggi
menjadi rakyat.
Wong cilik dadi priyayi---Rakyat kecil jadi priyayi.
Sing mendele dadi gedhe---Yang curang jadi besar.
Sing jujur
kojur---Yang jujur celaka.
Akeh omah ing ndhuwur jaran---Banyak rumah di
punggung kuda.
Wong mangan wong---Orang makan sesamanya.
Anak lali
bapak---Anak lupa bapa.
Wong tuwa lali tuwane---Orang tua lupa ketuaan
mereka.
Pedagang adol barang saya laris---Jualan pedagang semakin laris.
Bandhane saya ludhes---Namun harta mereka makin habis.
Akeh wong mati
kaliren ing sisihe pangan--- Banyak orang mati lapar di samping makanan.
Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara---Banyak orang berharta
tapi hidup sengsara.
Sing edan bisa dandan---Yang gila bisa bersolek.
Sing bengkong bisa nggalang gedhong---Si bengkok membangun mahligai.
Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil---Yang waras dan adil
hidup merana dan tersisih.
Ana peperangan ing njero---Terjadi perang di
dalam.
Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham---Terjadi
karena para pembesar banyak salah faham.
Durjana saya
ngambra-ambra---Kejahatan makin merajalela.
Penjahat saya
tambah---Penjahat makin banyak.
Wong apik saya sengsara---Yang baik
makin sengsara.
Akeh wong mati jalaran saka peperangan--- Banyak orang
mati karena perang.
Kebingungan lan kobongan---Karena bingung dan
kebakaran.
Wong bener saya thenger-thenger---Si benar makin tertegun.
Wong salah saya bungah-bungah---Si salah makin sorak sorai.
Akeh bandha
musna ora karuan lungane--- Banyak harta hilang entah ke mana
Akeh
pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe---Banyak pangkat dan
derajat lenyap entah mengapa.
Akeh barang-barang haram, akeh bocah
haram---Banyak barang haram, banyak anak haram.
Bejane sing lali, bejane
sing eling---Beruntu nglah si lupa, beruntunglah si sadar.
Nanging
sauntung-untunge sing lali---Tapi betapapun beruntung si lupa.
Isih
untung sing waspada---Masih lebih beruntung si waspada.
Angkara murka
saya ndadi---Angkara murka semakin menjadi.
Kana-kene saya bingung---Di
sana-sini makin bingung.
Pedagang akeh alangane---Pedagang banyak
rintangan.
Akeh buruh nantang juragan---Banyak buruh melawan majikan.
Juragan dadi umpan---Majikan menjadi umpan.
Sing suwarane seru oleh
pengaruh---Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.
Wong pinter
diingar-ingar---Si pandai direcoki.
Wong ala diuja---Si jahat
dimanjakan.
Wong ngerti mangan ati---Orang yang mengerti makan hati.
Bandha dadi memala---Hartabenda menjadi penyakit
Pangkat dadi
pemikat---Pangkat menjadi pemukau.
Sing sawenang-wenang rumangsa menang
--- Yang sewenang-wenang merasa menang
Sing ngalah rumangsa kabeh
salah---Yang mengalah merasa serba salah.
Ana Bupati saka wong sing asor
imane--- Ada raja berasal orang beriman rendah.
Patihe kepala
judhi---Maha menterinya benggol judi.
Wong sing atine suci
dibenci---Yang berhati suci dibenci.
Wong sing jahat lan pinter jilat
saya derajat---Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.
Pemerasan
saya ndadra---Pemerasan merajalela.
Maling lungguh wetenge mblenduk ---
Pencuri duduk berperut gendut.
Pitik angrem saduwure pikulan---Ayam
mengeram di atas pikulan.
Maling wani nantang sing duwe omah--- Pencuri
menantang si empunya rumah.
Begal pada ndhugal---Penyamun semakin kurang
ajar.
Rampok padha keplok-keplok---Perampok semua bersorak-sorai.
Wong
momong mitenah sing diemong---Si pengasuh memfitnah yang diasuh
Wong
jaga nyolong sing dijaga---Si penjaga mencuri yang dijaga.
Wong njamin
njaluk dijamin---Si penjamin minta dijamin.
Akeh wong mendem
donga---Banyak orang mabuk doa.
Kana-kene rebutan unggul---Di mana-mana
berebut menang.
Angkara murka ngombro-ombro---Angkara murka
menjadi-jadi.
Agama ditantang---Agama ditantang.
Akeh wong angkara
murka---Banyak orang angkara murka.
Nggedhekake
duraka---Membesar-besarkan durhaka.
Ukum agama dilanggar---Hukum agama
dilanggar.
Prikamanungsan di-iles-iles--- Perikemanusiaan diinjak-injak.
Kasusilan ditinggal---Tata susila diabaikan.
Akeh wong edan, jahat lan
kelangan akal budi---Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.
Wong
cilik akeh sing kepencil---Rakyat kecil banyak tersingkir.
Amarga dadi
korbane si jahat sing jajil--- Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit---Lalu datang Raja
berpengaruh dan berprajurit.
Lan duwe prajurit---Dan punya prajurit.
Negarane ambane saprawolon---Lebar negeri seperdelapan dunia.
Tukang
mangan suap saya ndadra---Pemaka n suap semakin merajalela.
Wong jahat
ditampa---Orang jahat diterima.
Wong suci dibenci---Orang suci dibenci.
Timah dianggep perak---Timah dianggap perak.
Emas diarani tembaga---Emas
dibilang tembaga
Dandang dikandakake kuntul---Gagak disebut bangau.
Wong dosa sentosa---Orang berdosa sentosa.
Wong cilik
disalahake---Rakyat jelata dipersalahkan.
Wong nganggur kesungkur---Si
penganggur tersungkur.
Wong sregep krungkep---Si tekun terjerembab.
Wong
nyengit kesengit---Orang busuk hati dibenci.
Buruh mangluh---Buruh
menangis.
Wong sugih krasa wedi---Orang kaya ketakutan.
Wong wedi dadi
priyayi---Orang takut jadi priyayi.
Senenge wong jahat---Berbahagialah
si jahat.
Susahe wong cilik---Bersusahlah rakyat kecil.
Akeh wong dakwa
dinakwa---Banyak orang saling tuduh.
Tindake manungsa saya kuciwa---Ulah
manusia semakin tercela.
Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing
dipilih lan disenengi---Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan
disukai.
Wong Jawa kari separo---Orang Jawa tinggal setengah.
Landa-Cina kari sejodho --- Belanda-Cina tinggal sepasang.
Akeh wong
ijir, akeh wong cethil---Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.
Sing
eman ora keduman---Si hemat tidak mendapat bagian.
Sing keduman ora
eman---Yang mendapat bagian tidak berhemat.
Akeh wong mbambung---Banyak
orang berulah dungu.
Akeh wong limbung---Banyak orang limbung.
Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka---Lambat-laun datanglah
kelak terbaliknya zaman...
Ayyoooo Iling karo paweling e SRI AJI JOYO
BOYO gak wong wong saiki..mesthi di kiro ngarang..Sodrooon kabeh................#copas
Tidak ada komentar:
Posting Komentar